MAKNA TEMBANG ILIR – ILIR
Guru kang wus kawahyon , pangandikane bisoa gawe siliring liya
Solah bawane prayogo dadi tutuladhan
Iyo guru kang keno digugu pangendikane lan digugu solahe
Darah terahing ngaluhur
Tiyang wasis lan Wicaksana
Seneng nandur kabecikan , dimen kena kanggo tepa tuladha .
Wong kang nembe maguru kasampurnan iku , lagone , tindake , nuli katon beda kaya dek nalika durung maguru , biyen kerep goreh atine tuwin sedihan , saiki katon ayem lan enteng , kados dene Filsafat Pari “ Makin berisi makin merunduk “
Kirane mentas kawejangake ing Ilmu , mula solah bawane anteng kados dene penganten anyar .Kawigaten tansah sendika Dawuh maring Gurune .
Dawuhing Guru marang wng kang sumediyo ngudi ngelmu ( Dadi Murid ) . Kapurih netepi sadawuhe ngelmu , sanajan rekasa nggone nindakake yo rada digiyat , amarga arep dadi wong utama iku iyo pancen rada angel .
Ati kang tansah samar – samar iku pakaryane dosa . Mula prayoga diresiki sarana pitudhuhing ngelmu bisa ilang regete , ngresiki diri pribadine saking “ Penyakit Hati “ lan sakabehing dosane . Kumiter bedhah pinggire kayadene kebak dosa lan ajur atine .
Sanajana wong wis kabanjur kakehan dosa , nanging yen gelem tumindak nglakoni sadhawuhing ngelmu utawa yen gelem nlusur ing kaluputane isih bisa dadi wong utama. Mula enggal tobata kanthi Taubatannasukha kanggo sowan mangarsaning Gusti Allah mengko sore yen tumekaning janji ( Mati ) .
Papadhange Allah , mumpung isih ana piwalese Gusti Allah , isih gedhe banget rumuntuhing asih marang kita kabeh manungsa .Cahaya Iman sumunar saking Gusti Allah Kang Moho Agung .
Mumpung isih urip ing Donya sanajan enom utawa wis tuwa ora kasepe menawa sumadiya ngudi ngelmu kasampurnan .
Manawa ngilmu kasampurnan wis kaidi temu atine banjur seneng ayem tentrem tuwin santosa tekade ora kasamaran .
Sahingga kebak ing pangarep – arep tinggal Donya ing suwarga loka nalika mapak tumekaning janji bisa nyebut asmane Gusti Allah .